40 Pantun Lucu dalam Bahasa Jawa yang Mengocok Perut,Bagikan ke Teman-teman di Sosmed Yuk
TRIBUNKALTARA.COM – Baca kumpulan pantun yang merupakan Pantun Lucu dalam Bahasa Jawa, bisa kamu bagikan dengan teman-teman di sosmed karena bisa membuat tertawa bersama.
Jika kamu orang yang berasal dari Jawa Tengah atau Jawa Timur pasti sudah tidak asing lagi dengan kumpulan pantun berikut ini.
Sejumlah Pantun Lucu ini dihimpun oleh TribunKaltara dari berbagai macam sumber.
Menggunakan bahasa sehari-hari masyarakat jawa, kumpulan pantun ini bisa membuat para pembaca tertawa.
Tidak hanya digunakan untuk seru-seruan bersama teman, pantun ini juga bisa kamu bagikan ke sosmed baik WhatsApp, Instagram, Twitter, maupun TikTok.
Tema yang diangkat oleh kumpulan pantun ini akan sangat relate dengan kehidupan mulai dari pekerjaan, masalah hidup, hingga masalah percintaan.
Simak kumpulan pantun Bahasa Jawa berikut ini yang termasuk dalam Pantun Lucu berikut ini:
Ilustrasi – Kumpulan pantun lucu dalam Bahasa Jawa untuk dibagikan ke teman-teman di sosial media (Freepik)
1. Sego liwet lawuhe jlantah
Sega rawon kurang uyah
Ampun tanglet kapan nikah
Pacar mawon kulo dereng gadah.
2. Loro sirah klemut-klemut
Awake lemes dadi mletre
Mikir kerjo soyo mumet
Ora kerjo mah dadi kere.
3. Pamit lungo menyang Seturan
Jebule dolan nang Palagan
Senajan ati lagi kelaran
Tangi saur kudu tetep jalan.
4. Mangan bandeng karo roti
Nggoreng peyek nang tengah wajan
Bojo ngganteng nglarakno ati
Enak bojo elek, tonggo gak doyan.
5. Cah wedok sangune bedak
Ono cah lanang untune gingsul
Niat kulo sampun badhe cedak
Nanging nyatane malah diaturi wangsul.
6. Bisa nggendhang
Ora bisa nyuling
Bisa nyawang
Ora bisa nyandhing.
7. Sore-sore nganggo peci
Ora lali ngaca dandan
Tiwas mlayu mangkat ngaji
Jebule durung katokan.
8. Nongko yo nongko
Nek mateng yo legi
Konco yo konco
Nek seneng yo dadi.
9. Yu siti tuku blewah
Ngombene serabi lungguh mbegagah
Wes diragati ngentekno sawah
Kok malah dirabi tonggo sebelah.
10. Esuk-esuk cuacane cerah
Golek kerjo sing barokah
Kancane wis pada nikah
Lha aku nglamar wae susah.
11. Mancing lele oleh telu
Digoreng enak nganggo bumbu
Nek kowe pancen kancaku
Aku tak nyilih duitmu.
12. Suwe ora jamu
Jamu godhong suket
Suwe ora nyawang rupamu
Nyawang pisan malah mumet
13. Golek banyu nang pinggir kali
Dinggo raup rasane anget
Kowe ojo nganti lali
Mergo aku sayang banget.
14. Sore-sore cangkruk nang warung
Nyumet rokok lan ngombe kopi
Urip susah kadang beruntung
Akeh masalah digawe hepi.
15. Denny Caknan nang Pasuruan
Sing satru ayo merapat
Urip kui ketemu lan kelangan
Gusti Allah paringi kuat.
16. Gatotkoco mangan gombong
Nek kekonco ojo mung trimo ndomblong.
17. Abdul Somad ceramah ning Cianjur
Senajan ragaku kuat, tapi atiku ancur.
18. Dino minggu tanggal dua dua
Sing dirindu kok malah mendua.
19. Nang Magelang ono Borobudur
Nek ra disayang yowes mundur.
20. Nandur jahe nang mburi omah
Ora karo kowe ora masalah.
21. Neng pandan tuku ronde
Nelpon gendakan kleru bojone.
22. Pring bumbung, wadhahe bakmi
Karepe nembung, malah diulemi.
23. Motor Jepang mesine ulet
Ngutangin gampang nagihe sing mbulet.
24. Mangan intip karo klopo
Dadi wong urip usahao.
25. Kembang yo kembang nek keno angin yo kabur
Berjuang yo berjuang nek ora dihargai yo mundur.
26. Buto ijo mangkat sekolah
Ra nduwe bojo ora masalah.
27. Sego bancakan dimaem Mas Rian
Tak kiro dadi tujuan, jebul mung pelarian.
28. Gunung talang gunung sumbing
Aku sing berjuang wong liyo sing nyandhing.
29. Tumbas sayur asem lali ra mbayar
Tetep mesem senajan ati ambyar.
30. Godhong klapa jenenga klari
Arep nyapa wedi dicueki.
31. Nang lumajang golek bidadari
Nek cuma bilang sayang ya sorry.
32. Ikan hiu nyokot pala
Wes ra ayu kakean polah.
33. Neng Bale Kambang lewat rampal
Tiwas sayang jebule ditinggal.
34. Godhong kemangi godhong nanas
Ra pengen disaingin pengene koe panas.
35. Iwak teri godhong kemangi
Ngrasani tok raiso nyaingi.
36. Tuku kolak ning Ahmad Yani
Apik elek tonggo tetep ngrasani.
37. Nek ngiwo yo ngiwo rasah nengen
Sing lungo yo lungo rasah kangen.
38. Udan-udan lemah teles
Tiwas dichat jebule ra mbales.
39. Gula pasir kopine luwak
Wani naksir ora wani nembak.
40. Abang biru anak ijone
Aja diganggu ana bojone.
(*)
Baca berita pantun Tribun Kaltara di Google News